EVANTARA

 Sebuah kisah cinta barista dalam bahasa Jawa. 




"Tara, pesenan terakhir iki kowe layani," Mbak Ira ngomong nalika ngumbah piring. "Ngomong o pisan nang sing pesen, mariki wes wayahe tutup, dadi ojo suwe ning kene."

Mbak Ira iku seduluran karo sing nduwe kafe iki, sing ngadegake kafe iki. Dheweke manis, rambute pendek kaya arek lanang, lan klambine suangar pol. Dheweke wes suwe dadi pengelola kafe panggone Tara kerja. Amarga sing nduwe kafe iki yaiku ponakane Mbak Ira, ana bisnis liya ning luar kutha, dadi kafe iki sak jangkepe diprasahake nang Mbak Ira.

"Iyo, Mbak Ra." Tara mlaku pinuju kasir sawise njupuk gelas-gelas kosong.

"Selamat malam, kak. Mau pesen apa?" Tara srawung pelanggan kasebut ngangge basa Indonesia amarga saka tampange pelanggan iku nuduhake yen dheweke dudu wong Jowo.

"Boba coffee creme brule, satu kak. Kamu apa, sayang?" Arek wedok iku takon menyang pacare. "Sama bitter sweet coco, satu kak," pacare arek wedok iku njawab nalika ndeleng nang Tara, dheweke mesam-mesem.

"Oke kak, pesanan saya terima." Tara mencet layar tab ing ngarepe. "Silakan ditunggu kak. Oh ya, maaf ya kak setelah ini kita harus tutup. Sekitar tiga puluh menit lagi. Jadi mohon maaf tidak bisa lama-lama."

Couple iku njawab yen menawa pancen arep tutup, pesenan kuwi mang dibungkus wae. Sing lanang kuwi tetep ndelengi Tara, sampe dijak lungguh karo pacare.

"Coffe creme brule karo bitter sweet coco, Pan." Tara mlaku ing panggonan kanggo nggawe pesenan iku mang. Ing kunu ana Evan sing wes siap nggaweno pesenan iku. "Nyapo se arek lanang iku mang ndeloki aku wae."

Evan kuwi salah sijine karyawan sing wes suwe kerjo nde kafe iki. Dheweke wes bareng Mbak Ira wes kaitung petang taun. Dheweke kuwi dhukur lan kulite putih kaya oppa Korea. Garis raine tegas lan keras. Irunge mancung, alise tebel, kumise tipis-tipis. Sepeda wesine yaiku sepeda custom sing aku dhewe penulise ora ero jenenge. Tapi tampange Evan iki keren, saumpama dheweke liwat ngarep arek wedok, kabeh mata bakal katuju nang Evan. Apa maneh Evan melu gym, makin sadis kaya sambalado.

"Seneng kowe paling Ra. Kowe kenal tah?" Pitakone Evan.

"Ora. Wong aku ket ketemu iki mang," balese Tara ing jejere Evan. "Lek pancen bener seneng aku, lah nyapo ngunu loh, wong yo dene wes duwe pacar."

Evan saiki madep nang Tara, mandek diluk saka nggawe pesenan iku. "Sak suwene aku kerjo nde kene Ra, biasane sing mesem nang barista kuwi seneng. Apa maneh yen kowe ayu tenan kaya ngene."

Dumadakan Mbak Ira melu nimbrung, sawise rampung ngumbah gelas-gelas lan piring reged. "Bener iku Ra, biasane sing kaya ngunu kuwi seneng. Lah iku kaya arek nde jejermu, ket mang mesam-mesem ae nang awakmu kaya bedes ketolop." Mbak Ira ngguyu cekakakan.

Nalika iku, Tara banjur noleh maneh menyang evan. Dheweke saiki wis bali sibuk karo pesenan. Nanging Tara bisa weruh menawa pipine Evan obah dadi abang.

Ora suwe, pesenane couple iku mang wes rampung. Tara bali menyang mejo kasir karo nyangking pesenan kuwi. Boba coffee creme brule lan bitter sweet coco. Couple kuwi mau marani Tara kanggo mbayar. Sing lanange ngetoke duwit satus ewu lan ndelengi Tara maneh karo mesem.

"Mbak pacarnya kenapa ya? Dari tadi senyum ke saya, saya jadi takut,” omonge Tara nang sing wedok.

Arek wedok kuwi noleh nang pacare. “ Sayang ngapain sih! Kamu ngapain sih ngeliatin mbaknya! Aku pacar kamu loh. Dasar.”

Arek wedok iku moro mlaku metu ninggalake pacare. Sing lanange mesem titik nang Tara, baru nyusul pacare sing wes ono ing njobo kafe.

Tara mesam-mesem, ngempet ngguyu ndelok arek lanang iku ditinggal wedoke.

“Jan... Jan... Lanangan kabeh kok podo dadi boyo kabeh. Merasa kegantengen ngunu? Ora blas.” Tara saiki ngrewangi ringkes-ringkes. Ing kafe iki wes mung kari dheweke, Evan lan Mbak Ira. “Kowe boyo pisan tah, Pan?”

“Weh ora toh. Aku ngunu lanang sing setia. Sayang mung karo seorang tok. Ora bakal selingkuh. Lanang sejati.” Evan lagi ngelap-ngelap mejo bar.

Mbak Ira lungguh ning kursi sing cedek panggone bar, kerjone wes rampung. “Ati-ati, Ra. Ngunu kuwi ciri-ciri omongane seorang buaya. Ojo nganti kena terkam. Epan iku gebetan e sak arat-arat. Deloken talah wajahe kaya boyo tenan, moncong e dowo.”

“Oh iyo mbak Ra. Bener pancen sampeyan. Monconge dowo nganti kata-katane kayata temenan.” Tara lan Mbak Ira ngguyu cekakakan.

“Wooooh, Mbak Ira iku pancen senenge su'udzon wabillahi taufik wal hidayah tok. Genah-genah aku iki ganteng, setia, baik hati dan tidak sombong ngene. Kok isone dadi boyo. Wong aku iki lele.” Evan ngusap kumis tipis ing isor irunge sing mancung kaya prosotan kuwi.

“Hiiih, jijik wabillahi taufik wal hidayah,” bales Mbak Ira. “Tiwas sia-sia awakmu ngganteng yen ora ana pacare. Kaya omah apik tapi ora ana sing manggoni, angker.”

“Yo sek sabar, Mbak Ra. Sek diusahakake iki.”

Tara mung nyimak tok obrolan e Evan karo Mbak Ira. Setitik-titik Tara mesem. Dheweke nganti ora sadar yen ket mau dheweke ndelengi Evan karo mesem dhewe.

“Oalah, iki tha sing diperjuangake karo Epan. Si gadis cantik anggota baru kafe ini? Tara Isabela Rukyaningrum.” Mbak Ira noleh nang Tara sing isih mesem dhewe.

Tara dumadakan sadar. Dhèwèké kaget lan cepet-cepet noleh nang Mbak Ira. Dhèwèké ora nyambung karo opo sing diomongaké karo Evan lan Mbak Ira. Mulane dheweke takon, “kenopo mbak?”

“Oalah, ora opo-opo, Ra. Yowes ayo tutup. Wes jam setengah sewelas. Wayahe awake istirahat. Kowe ora siap-siap dhisik tah, Ra?” Mbak Ira ngadeg saka lungguhe.

“Iyo mbak. Aku tak nang jeding dhisik yo.” Tara ngomong lan diantuki karo Mbak Ira.

Mbak Ira sing paham karo gelagat e Tara sing ndelengi Evan karo mesam-mesem mau banjur nyedaki Evan. “Eh, Pan. Sejujure aku ora ero apa jurusmu utawa opo kata-kata manismu nang Tara, tapi yen didelok iku mau, kayata dene seneng karo kowe.”

“Lahyo ta, Mbak Ra. Aku ngunu ora nganggo jurus apa-apa, lah wong teka wajahku ae wes dadi jurus sing ampuh tenan,” jawabe Evan.

“Ih, pengen tak kuaplok raimu, Pan.” Mbak Ira pura-pura meragakake kate nyaplok Evan. “Tapi yen pancen Tara seneng kowe lan kowe temenan dan sungguh seneng Tara, nyapo ora ndang awakmu ngomong? Selak kedhisikan uwong liya.”

“Dungakno ae mbak Ra. Paling ora suwe maneh aku wes ora jomblo.” Saiki posisine Evan karo Mbak Ira nyender ngarepé bar. “Tapi lek aku wes jadian karo Tara, sampeyan ora cemburu kan mbak?”

“Oh tenan njaluk di kuaplok bocah iki.” Mbak Ira wes siap ngaplok, sing Evan malah ngguyu cekikikan.

“Guyon, Mbak Ra.”

“Tara iku ayu, Pan. Pinter, telaten, rajin. Deloken talah sek seminggu kerjo nde kene, dene wes ngelakoni wakeh. Ora kakehan cing-cong. Dheweke yo putih, rambute lembut, lan nde pipine mung loro karone ana lesung pipi sing njerune kaya palung mariana.”

Evan ngelamun mbayangake ayune Tara. Lambene mangap sampe ilere nderodos.

“Pan, pan, moncong boyomu iku tutupen, deloken talah saiki malah dadi kaya cangkeme kodok, ileren.” Mbak Ira nutup lambene Evan sing halu kuwi.

Evan sing kaget cepet-cepet nutup lambene. Ilere wes nderodos nganti ning tekel. “Sorry mbak.”

“Eh Pan, kowe mengko terke Tara moleh. Sakno yen Tara kudu numpak ojol, salah wes bengi, wedok maneh. Awakmu sing jarene seneng malah ora tau ngeterke moleh.”

“Lah kepiye mbak. Tara wes tak bujuk yo ora gelem tak terke moleh. Apa amarga dene isin yo mbak? Sampeyan ngomong yo mengko mbak.”

“Yowes tenang wae, aku sing ngomong.” Mbak Ira lungguh maneh ngenteni Tara metu tekan jeding.

Ora sepiro suwe ngenteni, Tara akhire metu. Rambute sing ireng lan lembut iku digerai ora dikuncir. Wajahe ayu tenan nganti Evan ora kedip matane.

“Ra Tara, awakmu saiki diterke moleh karo Epan yo?” Mbak Ira ngomong nalika Tara wes cedhak karo dene.
Wajahe Evan wes semangat, jiwa kelaki-lakiane metu. Dheweke siap dadi supir pribadine Tara.

“Loh lapo mbak, ora usah mbak. Aku tak numpak ojol wae. Iku Evan kayane wes lelah karo monconge sing dowo,”jawabe Tara, nolak diterke Evan.

Wajahe Evan ketekuk. Dene wes seminggu iki ditolak ngeterke Tara moleh. Tapi Mbak Ira menehi isyarat nang Evan, ngongkon ora oleh lesu, ora oleh nunjukake lelah. Kudu siap ngeterke yèn bakal dadi pacare Tara.

“Loh endi se kesel. Deloken Epan segar, bugar, dan tahan lama ngene, ora ana kesel-kesel e.” Mbak Ira nunjuk Evan sing sok-sokan bergaya.

“Ora usah mbak, aku ora apa-apa kok.”

“Yo kudu usah tah. Kowe iku wedok loh, Ra. Rawan bengi-bengi ngene.” Mbak Ira tetep bujuk Tara.

“Halah mbak tenang wae. Ora ana sing wani—“ durung mari Tara ngomong, Evan motong omongane.

“Ra, kowe kudu gelem tak terke moleh, Ra.” Evan nyidhek nang Tara nganti cidhek banget.
Mbak Ira mung bisa lungguh lan menikmati lan mesam-mesem.

“Kowe kudu gelem tak terke moleh amarga aku seneng kowe, Ra.”

Evan dumadakan ngomong ngene marai Tara kaget.
Matane Tara karo Evan saling ketemu, nyiptakake sebuah kontak mata sing kebalut kaliyan cinta.

Evan nyekel punggungge Tara yen bisa luwih cidhek.
“Aku seneng kowe, Ra. Aku sayang kowe. Aku tresno kowe.”
Aduh, aku grogi barang malah telu-telune tak sebut, batine Evan.

“Ra, pancen awakdhewe baru kenal kaitung seminggu, pitung dina. Nanging saka dina pertama aku ketemu kowe, aku langsung tresna kowe. Seminggu lalu pas kowe pertama kali teka ning kene karo Mbak Ira, aku langsung weruh yen seorang bidadari bakal dadi rekan kerjaku. Seorang bidadari sing pancen ayu tenan lan bagus tenan sikap e. Aku langsung weruh kala iku yen atiku jedag-jedug banter banget.

“Akhire Ra, akhire aku iso merasakan cinta lagi. Wes suwe aku ora ngerasakake tresna nang wong liya, senajan aku ero yen sing seneng aku pancen wakeh.”

“Ehem... Hem... “ Mbak Ira ndehem ora setuju.

“Iyo Ra aku jujur, saka sing seneng aku iku, aku ora nemu siji sing bisa dadi tambatan hatiku. Nganti kowe teka rené lan dadi rekan kerjaku. Kowe wong sing bisa nguripake bintang sing suwe mati. Kowe wong sing bisa nyinari maneh bulan sing wes ora bisa mantulake sinar matahari. Kowe wong sing bisa nggawe ati sing wes suwe mati denyute dadi denyut maneh, malah luwih banter saka sak durunge.

“Akhire aku berhasil nemu wong sing cocok kanggo aku. Saiki aku bakal menehi kowe pertanyaan, Ra. Karo pertanyaan iki, yen kowe setuju awakdhewe bakal dadi siji utawa yen kowe ora setuju awakdhewe bakale dadi rekan kerja ning kafe Mbak Ira. Nanging kanggo kaweruhanmu, Ra, aku ora bakal nyerah nganti kowe setuju.”

Mbak Ira mung nonton saka kursi bisa melu bergetar krungu kata-katane Evan.

Evan nguculake tangane saka punggunge Tara. Dheweke saiki berlutut ning ngarepé Tara. Dheweke ora nyiapake apa-apa amarga kedadean iki ora direncanake sak durunge. Nanging Evan wis temenanan karo kata-katane. Lan iku dadi kunci utama wong yen nyatakake perasaan, yaiku yakin.

“Pertanyaane yaiku, Tara Isabela Rukyaningrum apakah kamu bersedia menjadi kekasihku, Evan Alexandra Joan?”
Mbak Ira dumadakan ngadek saka lungguhe.

“Evan, sakjujure aku kaget lan ora nyangka bakal ana kedadean iki. Sebenere, pertama kali pisan aku ketemu kowe, aku langsung tertarik karo kowe. Tak akui yen pancen kowe ngganteng. Nanging aku yo weruh yen kowe pasti bakal akeh sing seneng. Dadi aku ora wani nunjukake.

“Nanging, ndelok sikapmu lan keberanianmu iki, aku dadi yakin yen pancen ora ana maneh kata-kata sing bisa diomongake sakliyane “Aku bersedia menjadi kekasihmu.””

Mbak Ira kaget. Dheweke refleks nutupi mulut. Atine yo melu bergetar. 

Evan pisan kaget.. Dheweke ora nyangka yen bakal diterima karo Tara. Akhire Evan ngadek maneh ing ngarepe Tara. Ditarik awaké Tara nyedhaki awake. Lan sekedhap mawon, Evan reflek arep nyium Tara. Tara mung bisa matung wae. 
Tapi sakdurunge hal aneh iku kedadeyan, mbak Ira reflek pisan nutupi lambene Evan. "Eits, sek ket dadi lah kok Kate nyosor ae cangkemu, pan. Ati ati ra. Keplak ae Epan iki lek gak genah." Mbak Ira sing ndeleng iku asline melu seneng lan bahagia. Nanging iki wes bengi. Akhire Mbak Ira menginterupsi. Dipisahake wong loro kasebut. “Wes, wes, wes cukup yo bahagia e, wes cukup seneng e. Saiki wes bengi wayahe mulih. Ojo diterusake wae, wes panas rasane mata iki.”

Akhire Tara lan Evan ngguyu cekakakan ngrungokake kata-katane Mbak Ira. Lan bengi iku, Tara gelem diterke Evan mulih, untuk pertama kali dan seterusnya. 





Komentar

Postingan Populer